Thursday, 24 November 2016

Tembang masa kecil

Beberapa tembang masa kecil.

1.  Gundul Gundul Pacul

Gundul-gundul pacul…cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul…kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar

2.  Sluku Sluku Bathok

Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung mutho
Mak jenthit lolo lo bah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip golekko dhuwit

3.  Padhang Mbulan

Yo Prokonco dolanan neng njobo
Padhang mbulan padhange koyo rina
rembulane… ne
Seng ngawe awe
Ngelingake ojo podho turu sore

4.  Ayo ngising

Ayo ngising, Ayo ngising
Nang kebon, nang kebon,
Tutupi godong pring, Tutupi godong pring
Ben garing, ben garing….

5.  Cublak Cublak Suweng

Cublak cublak suweng..
suwenge ting gelenter..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelik–ake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong...

6.  Gotri

Gotri legendri nogo sari.. ri
riwul owal awul jadah mentul.. tul
tolen olen olen jadah manten ..ten
Entenana mbesuk gede dadi opo.. po
podheng mbako enak mbako sedeng.. deng
dengklok engklak engklok koyo kodok

7.  Bang Bang Tut

Bang bang tut cendelo ewo ewo
sopo wani ngentut ditembak rojo tuo
nyang kali ngiseni kendhi
jeruk purut wadhah entut

8.  Domino

Domino idomino ana Landa jenenge Sinyo
Sinyone nangis wae didolani montor mabur
montor mabur kapal udara numpak sepur mudhun Jakarta
jakarta akeh copete sopir becak akeh duite
duite mung selawe dinggo tuku onde-onde.

9.  Kucing Gandhik

Kucing gandhik………. meong
(o)Mahmu ngendi…… ngerong
(o)Po ra gatel………….  adus
(o)Po ra adem………… kemul
Nak ra nduwe kemul…. tuku
Nak ra  nduwe duit……..             utang
Nek ra  isa nyaur……. ngemplang
Yen ditagih……………..  ndhelik
Yen dioyak……………..  mlayu
Yen dicegat…………….  mlumpat

10.  Dayoh

E… dayohe teka
e… gelarno klasa
e… klasane bedhah
e… tambalen jadah
e… jadahe mambu
e… pakakna asu
e…. asune mati
e…. Buangen kali
e…. kaline banjir
e…. centhelna pinggir
e….. pinggire ambruk
e…. delehno ngebuk

11.  Menthok Menthok

Menthok menthok , tak kandani
Mung rupamu , angisin isini
Mbok ya aja ngetok , ono kandang wae
Enak enak ngorok , ora nyambut gawe
Menthok menthok , mung lakumu
Megal megol , gawe guyu

12.  Kidang Talun

Kidang talun
Mangan kacang talun
Mil kethemil mil kethemil
Si Kidang mangan lembayung

13.  Te Kate Dipanah

Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk onde onde
Bok sir bombok , Bok sir kate
Bok sir bombok , Bok sir kate

14. Lir Ilir

Lir ilir lir ilir , tandure wus sumilir
Tak ijo royo royo , tak sengguh temanten anyar
Cah angon cah angon , penekno blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekno , kanggo ngumbah dododira
Dododira dododira , kumitir bedah ing pinggir
Domana jlumatana , kanggo seba mengko sore
Mumpung gedhe rembulane , mumpung jembar kalangane
Ya…surak-a…..surak….Horeeeeeeeee…..

15.  Suwe Ora Jamu

Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela

16.  Gambang Suling

Gambang suling kumandhang swarane
Tulat tulit , kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Barengan kentrung , ketipung suling
Sigrak kendangane.

17.  Saiki Aku Wes Gede

Saiki aku wis gede..
sekolah mangkat dewe..
ora usah dieterake..
bareng karo kancane..

Yen mlaku turut pinggiran,
ora pareng gojegan…
neng ndalan akeh kendaraan
mengko mundhak tabrakan

18.  Siji Loro Telu

Siji loro telu,
astane sedheku,
mirengake bu guru
menawa didangu..

papat nuli lima..
lenggahe sing tata,
ojo podho sembronoo,
mundhak ora bisa

19.  Jaranan

Jaranan-jaranan…jarane jaran teji
Sing numpak Mas Ngabei
Sing ngiring para mantri
Jreg jreg nong…jreg jreg gung
Srek ke sret turut lurung
Gedebug krincing gedebug krincing
Prok prok gedebug jedher.

20.  Kodok Ngorek

Kodok ngorek kodok ngorek , ngorek nyang mblumbangan
Theyot theblung theyot theblung , theyot theyot theblung

Golek pangan golek pangan, golek golek pangan. Disambi gojegan

Theyot theblung theyot theblung , theyot theyot theblung

Bocah pinter bocah pinter , besuk dadi dokter
Bocah bodho bocah bodho , besuk kaya kebo

21.  Pak Jenggot

Pak jenggot senenge nduwe anak.
anake mung siji nangis wae
amarga wedi karo jenggote
cup menenge mngko sore tak cukure

22.  Dondhong Opo Salak

Dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
ngandong apa mbecak mlaku thimik thimik
Dhondhong apa salak
Adhik nderek Ibu tindak menyang pasar, ora pareng rewel, ora pareng nakal.
Mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh kacang karo roti, adhik diparingi


23. Wajibe dadi Murid

Wajibe dadi murid
Ora Keno pijer pamit
Kajaba yen lara … Kajaba yen lara
Lara tenan… Lara tenan
Ora lara mung ethok-ethokan
Lan manehe kudu pamit nganggo layang
Yen wes mari larane
Kudu enggal mlebu nyang pamulangan
Ojo enak-enakan
Mbesuk gede mundhak bodho
Longa longo kaya kebo
Pakanane suket ijo
Plompang plompang kaya bagong

26. Sinau
Esuk, esuk srengengene lagi metu... Sibu
Nyuwun pangestu keng putra badhe sinau..  Sibu

Nyangking etas ing njerone isi sabak... Bapak
Grip lan sodho pun cemepak wonten kothak... Bapak

Bedhug-bedhug srengengene wonten tengah... Simbah
Bingah-bingah pun wayah mantuk sekolah... Simbah

Sore-sore diyane dicethetake... Budhe
Pun wayahe sinau lan sedulure... Budhe